Kangene Emak Marang Anake
Dening : Ida Rahma Mauliddina.
Saben dina mak jum lagi resik-resik latar omahe, Mak jum iku wong randha sing wis tuwa nduweni anak Siji sing jenenge silah, silah niku anake mak jum sing Nurut lan gemati . Mak jum sak iki omah dewe amarga ditinggal anake kerja ning luar kota.
Sawijining dina mak jum lagi ning toko erek omahe iku tuku beras lan keperluan liyane sawise tuku iku mak jum muleh, ning dalan mak jum diampiri susi lan ditagih dikon mbayar utange "jum utangem lang dibayar wis suwi gak mbok bayar" omongane susi marang mak jum. "yo sabar sek sus aku durung nduwe duwek gawe mbayar utangku kuwi" saute mak jum, susi banjur muleh tanpa pamit ning mak jum.
Ning omah mak jum kepikiran durung iso mbayar utange, mak jum bingung kape kondo sopo,kerjane saben dina mok buruh tani. Mak jum mikir piye carane nglunasi utange kuwi ning kunu mak jum yo kepikiran karo anake sing mergawe ning luar kota amarga pirang-pirang ulan iku durung enek kabare biasane saben sak ulan anake iku ngabari.
Sore kuwi susi ning omahe mak jum nagih utange njaluk dilunasi "jum-jum utangem lang dilunasi saiki aku butoh duwek e" suarane susi koyo wong ngakak padu. Mak jum banjur metu "enak opo to sus" saute mak jum," opa opo lang dibayar saiki utangem" saute susi, " aku urung nduwe duwek e sus"jawabe mak jum, ning kunu enek kasno krungu omangane susi karo mak jam. Kasno banjur nyedaki susi lan kondo yen utange mak jum dibayar karo kasno dewe.
Bing kunu mak jum ngrasa lega atine amarga ditulung karo kasno lan matur suwun sanged marang kasno, kasno mari kuwi pamit ning mak jum kape muleh.terus teka ratna yaiku koncone anake mak jum sing mergawe nok luar kota, ratna ning kunu kondo marang mak jum yen anake ning kono kabare apik-apik wae lan sak minggu kas niku anake kape mulih ning omah.
Mak jum bunggah banget krungu kabare anake kape muleh amarga pirang ulan iki mak jum kangen banget marang anake iku pengen petuk lan pengen ngumpul bareng anake.saben ditinggal anake kerjo mak jum ning omah dewean gak nduwe batur.isuk kuwi mak jum ning ngarep omah ngenteni anake sing kape teko saka adoh kono,mak jum masi yen wong wedok sing lagi mlaku nuju omahe iku yaiku silah anake mak jum banjur mlayu lan ngrangkul anake lan nangis amarga pirang-pirang ulan ra ngabari lan lagek muleh
Tugas 2 translate
Kabecikan Saka Sedekah
"Bu, dina iki barang dagangan ora entek sampek karek sak itik mung sak mene sing iso bapak menehi nok ibu " nalika ngekekno duwek asil dagangan menyang bojone kanggo kabutuhane saben dina. " iya pak, ora papa sing penting Bapak uwes nyaba lan tenan sakluwihi iki yaiku rejeki saka Gusti Allah mbesok nembang bojo budal kerja maneh karo ngawa barang dagangane nok pasar. Ning tengah-tengah perjalanan wong iki petuk karo simbah tuwa sing katon bingung nok dalan "Enek opo mbah? takone pak Tugimin menyang simbah tuwa iku"
" Nak, oleh tora simbah njaluk duwek? Simbah pingin muleh tapi ora enek duwek nyuwun simbah masi menyang Pak tugimin. " Duwitku yo mepet, daganganku sing wingi ora laku akeh, gawe mangan ae isek kurang, ah tapi gak Papa. Jare pak ustad sedekah iso ngelancarno rejeki, bismillah wae". omongane pak tugimin ko ati " yoweslah mbah iki enek duwek tapi ora akeh gawe numpak bis simbah sampek tujuane, tak terno sampek terminal" omongane pak tugimin karo ngeterno simbah mau nok terminal. " matur suwun nak, wes gelem nulung simbah,muga muga rejekimu tansah dadi lancar"
"Aaminnn mbah"
Sakwise ngeterno simbah mau, pak Tugimin mbalik ning pasar,enek wong tuku sing ape mborong dagangane sampek entek, "Alhamdulillah rejeki kuwi ora bakal ketuker dadi sedekah bakal nglancarno rejeki"omongane pak Tugimin bersyukur.
Komentar
Posting Komentar