Langsung ke konten utama

PIKUN

PIKUN
Dening: Agus Sugiharto
Dina iku aku lan kanca-kanca siap-siap kanggo mancing ing sacedhake alas jati desaku. Wektu iku dina selasa, nalika preinan sekolah. Aku,Boy,Dani, lan Galih wis siap-siap nggawa pancing lan budhal mrana jam 8 esuk.
“Ayo, padha budhal, yen awan panase ora betah aku!”
“Iya, ya sik to Dani durung teka,” saute Boy.
“Suwene iki mek apa ta cah iku?” pitakone Galih.
Sawise sepuluh menit, bocah sing dienteni iku teka. “Sorry. Aku nggoleki pancinge iki lho, mau lali tak seleh ing ngendi,” kandhaku rada nesu, amarga pancen mangkel tenan.
“Wis-wis... ayo budhal, mundhak selak awan loh!” ujare Boy.
Aku lan kanca-kancaku banjur budhal ing panggonan pancing iku. Aku karo Boy wis siap-siap, kepengin mancing. Ing panggonan iku iwak akeh banget. Yuda nduwe ide, yen iwake mengko arep dibakar lan dipangan ing kene wae.
“Iwake iki akeh banget, piye yen dipangan ing kene wae?” pitakone Galih.
“Masa dipangan mentahan?” Boy bali takon.
“Ya oralah, iwake dibakar ing kene wae, aku ya nggawa korek. Piye, gelem ta ora, kanca-kanca?”
“Ya wis, okelah... Nanging aku sing mancing, sampeyan sing ngresiki iwake, Dani sing mbakar, Aziz sing nggolek kayu kanggo mbakar. Piye sarujuk?”
“Oke... siap, bos...!” aku lan Dani mangsuli bebarengan.
Sawise iku, aku nggolek kayu kanggo mbakar lan godhong gedhang kanggo piringe. Galih mbetheti iwak nganggo peso cilik sing digawa bocahe. Dening Dani nyunduki iwake nganggo kayu cilik.
Sawise mbakar iwak kita turu ing ngisore wit. Pas tangi, dumadakan wis sore. Watar jam limanan. Langite ya wis peteng dhedhet. Aku banjur nangekna lan ngajak kanca-kancaku mulih.
“Hei... ayo tangi, iki wis sore. Mengko saya suwe mundhak peteng loh,”ajakku.
“Lah piye iki, aku lak digoleki ibukku no?” saute Boy.
“Emange urung ijin, yen awakmu mancing karo awak dhewe,” Galih bali takon.
“Durung....”
“Wis, yen ngono ayo mulih!” ajakku.
“Ayoo....”
Aku, Fery lan Galih banjur mulih. Sawisenyedhaki omah, aku lagi kelingan yen ana bocah siji sing ilang.
“Sik-sik... kayake ana bocah sing keri.”
“Lha... iya... Dani ndi?” pitakone Galih.
“Bocahe atake isih turu ing wit mau?” pitakone Boy.
“Adhuh... wis ayo mbalik maneh..,” ajakku.
“Bocah iki, ngrepotna awak dhewe wae,” gremenge Galih.
Aku, Boy, lan Galih banjur mbalik ing panggonan mau. Pas Azhan Magrib, lan langite wis katon peteng. Tekan kana, tibake temenan bocahe isih turu.
“Enake yen turuuuu....!” clulukku karo njiwir kupinge.
“Heh, laraaaa... ana apa iki kok wis peteng....?” bengoke Dani tapa rumangsa dosa. Dhasar bocah gemblung, pikirku.
“Iki wi bar magrib, dadi ya wis peteng. Piye ta awakmu iki, ngrepotna wong liya wae,” saute Boy. Dheweke ora bisa ngempet nesune.
“Eh... ayo mulih, kok malah ijek ning kene,” omonge Dani karo ngadek lan mlaku ngluyur. Oalah... sabar... sabar.... Bocah kok ora ngrumangsani yen wis nyusahna kancane.
“Gara-gara kowe sing malah turu wae, awak dhewe dadi mbolak-mbalik kaya wong edan.”
“Wis, ayo mulih iki wis bengi tenan,” ajakku.
Aku, Fery, Dani, lan Galih banjur mulih. Ing dalan, aku lagi kelingan yen ana sing keri maneh.
“Lah... pancinge piye, lak keri ing panggonan mau,” clulukku.
“Lah iya, kok lali maneh. Terus piye?” pitakone Boy.
“Mbuh ta, iki kok mandah pikun. Wiwit mau kok bolak balik,” kandhane Galih karo blengang-blengong.
“Wis, sesuk wae di jupuk pancinge. Saiki wis peteng, mengko selak didukani wong tuwane dhewe-dhewe,” usulku.
“Ya wis sesuk esuk pancinge dijupuk bareng-bareng ya... ,” usule Dani.
“Ya.... ya... ya....”
Sawise iku, kabeh padha bubar lan mbalik ing omahe dhewe-dhewe.

Komentar